|

| |
Nulada laku utama,
Tumprape wong tanah jawi
(Contolah tingkah laku utama, untuk kalangan orang ditanah Jawa)
Wong Agung hing Ngeksiganda Panembahan Senopati
(Orang mulia dari Mataram Panembahan Senopati)
Kapati hamarsudi, sudane hawa lan nepsu
(Yang sangat tekun, mengurangi hawa dan nafsu)
Pinesu tapa brata, tanapihing siang ratri
(Dengan jalan bertapa brata, disiang dan malam hari)
Amemangun karyenak tyasing sasamo
(membangun kebahagiaan hati sesama) |
Samubarang kang kita alami iku wohe pikiran kita, dumadi saka pikiran kita. Menawa wong micara utawa tumindak kanthi ancas ala, tartamtu bakal ngalami panandhang ora kepenak. Kosok baline yen wong micara utawa tumindak kanthi pikiran suci, tertamtu bakal ngalami urip begja. |
OSIKING ATI
Pranatan kodrat sing ana ing sajroning atine, sing bisa ngenerake manungsa marang kabecikan.
Kabeh manungsa nduweni osiking ati utawa angger-angger kang tinulis ing jroning ati, kang dikukuhake mawa paseksening swaraning batin sarta osiking ati sing ngalem utawa nyacat tumindak siji sijine. Osiking ati iku kaya dene pandom kang bisa ngenerake uripe manungsa marang kabecikan. Awit osiking ati iku pangerti kodrati sing bisa mbedakake endi tumindak sing becik lan endi tumindak sing ala.
Osiking ati dudu mung akal sehat utawa pangerti lumrah, nanging mujudake osik utawa swarane ati sing bisa menehi keputusan sing perlu kanggo tindak tanduke menungsa. Senadyan awake dhewe bisa ngapusi wong liya, nanging ora bisa ngapusi awake dhewe lan Gusti, manungsa sing sulaya karo osiking ati lan keyakinane malah bakal cilaka. Osiking ati bisa kleru, bisa ora bener maneh amarga katarik saking dayaning napsu dadi angen-angen, kuwi kang diarani krenteg. " pramila sinten ingkang mangeran, dateng krenteg wau, sakyektosipun tansah kepleset ing sedyanipun."
Osik ingkang saepunika ingkang handarbeni pakarti Sang Sabda, manggen wonten rasa tumunten katampen wonten ing manah sanubari dipun wastani dhawuh ingkan saleresipun, menggah tuwuhipun dhawuh wau mboten sarana dipun pikir-pikir (kagagas), nanging rasa wau sampun gadhah pangertos piyambak ingkang tetep, pramila manungsa wajib marsudi niti priksa tukuling osik kalih prakawis wau, supados tumindakipun saged jejeg lan dhawah kaleresan, naging sarehning niti priksa mekaten wau sagetipun maton angel sanget, mila dipun tindakaken sarana samadi mboten dereng lan adreng, nanging namung saking sengseming ati, menawi saget jumbuh tentu mboten mbalenjani.
Angin bisa agawe rungkading wit kang oyode ora sentosa.
Mangkono pepindhane setan, bisa njiret manungsa kang uripe anggedhekake kasenengan, ora bisa ngendhaleni hawa-napsu,
ngangah-angah marang pangan, keset lan ringkih atine.
Nanging angin ora bisa agawe jugruging gunung watu.
Mangkono pepindhane setan, ora bakal bisa anjiret manungsa kang pikirane ora kelet ing kasenengan, sing bisa meper pepinginan, mangane prasaja gedhe kapracayane marang Gusti.
|
|